TOMB

SUARAKAN HATIMU DENGAN JUJUR

Kamis, 30 Mei 2013

"  WATU AYU  "

Suwe tak sawang netramu cah ayu
Katon sayu tur nandang rindu
Alus tak usap rambutmu cah ayu
Trimo meneng lan tanpo nesu

Duh bungahing atiku cah ayu
Saumpama sliramu bisa dadi duwekku
Mendah senenge atiku cah ayu
Saumpama sliramu gelem nampani atiku

Tak wanekno atiku...
Tak tata apa mengko ucapku
Kanggo nembung opo ing njero atiku
Supaya sliramu bisa dadi sigaring nyawaku

Taktakoni..... sapa jenengmu???
ora njawab mung meneng mbisu
Tak goda piye amprih ngguyumu
Sak ithik ora kawetu esemmu

Duh Gusti Pangeran akarya jagad..
Kaget atiku naliku namatne sliramu
Mandheg rasane jantungku nalika ngerti wujudmu
Oalaaaaahhh.....tibake kowe mau mung patung watu to...??

JIANGKRIK.....!!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar