TOMB

SUARAKAN HATIMU DENGAN JUJUR

Kamis, 19 Desember 2013

AYANG - AYANG KEMLEYANG

Aja mung bisa dadi ayang -ayang
Nalika kahanan mbutuhke tanganmu kudu kemleyang
Aja angger seneng yen sliramu mung bisa dadi ayang - ayang
Nalika ndeleng wong liyan pada klisikan

Ayang -ayang mung wujud barang kemleyang
ilang nalika mbulan nutupi padhang
ilang nalika mata katutup ing nduwur mbayang
ilang nalika katiup angin mumbul bareng nerak entenge druwang

Ayo ndang padhang
Endah kaya langit kawiyak mendhung terang
Adem kaya beninge banyu sendhang
Seger kaya silire angin kemleyang.