TOMB

SUARAKAN HATIMU DENGAN JUJUR

Kamis, 19 Desember 2013

AYANG - AYANG KEMLEYANG

Aja mung bisa dadi ayang -ayang
Nalika kahanan mbutuhke tanganmu kudu kemleyang
Aja angger seneng yen sliramu mung bisa dadi ayang - ayang
Nalika ndeleng wong liyan pada klisikan

Ayang -ayang mung wujud barang kemleyang
ilang nalika mbulan nutupi padhang
ilang nalika mata katutup ing nduwur mbayang
ilang nalika katiup angin mumbul bareng nerak entenge druwang

Ayo ndang padhang
Endah kaya langit kawiyak mendhung terang
Adem kaya beninge banyu sendhang
Seger kaya silire angin kemleyang.

Selasa, 11 Juni 2013

ANTARA LANGIT,GUNUNG,LAUT,DAN SUNGAI


Aku lebih suka menjadi langit daripada daripada menjadi gunung
Aku lebih memilih menjadi langit daripada menjadi laut
Dan......................
Jujur aku masih memimpikan menjadi langit daripada menjadi sungai

Tahukah kamu???
Tahukah kenapa aku lebih memilih langit dari semuanya????
Tak maukah kau bertanya padaku??
Apakah kau merasa malu tuk tanyakan itu??

Tahukah kamu??
Bukankah langit lebih tinggi dari gunung?
Langit lebih luas dari laut
Dan langit lebih jernih dari sungai?

Masih tak tahukah kau?
Dengan menjadi langit  kau bisa memandangiku dengan bebas
Dengan menjadi langit kau lebih mudah mencariku
Dan dengan menjadi langit,kau lebih mudah memahami apa yang kusimpan dalam hatiku


**thomb*  11 juni 2013


 

Kamis, 30 Mei 2013

KEDAMAIAN SEJATI

Ketika tak bisa kurasakan lagi hempasan keras ombakMU
Ketika ganas badaiMU tak mampu lagi menyentuh ragaku
Disini aku menunggu
Sambut kedatanganMU dengan manis senyumku

Dimana aku.................???????
Ketika tak ada  lagi yang tau kedatanganku
Ketika tak ada lagi yang dengar teriakanku
Dan ketika tak seorangpun tau dimana aku

Sunyi...........
Sepi............
Sendiri........
Damai.........

Sendiri disini aku selalu menanti
Selalu mencari.....
Kedamaian sejati
Ada disini.


**** tomb***




" SEPIRO KUATE PAGERMU...??


Sepiro kuate tembok waja kang ngalangi lakuku
Ora bakal bisa ngendheg niatku
Sepiro dhuwure pager wesimu
Ora bakal bisa ngalangi jangkahku

Coba alangana....
Coba tutupana....
Aja sampek ngendheg lakuku
Aja sampek ngalangi niatku

Pager wesi tak tabrak...
Tembok beton tak dobrak
Ojo maneh mung alangan sak paku rujak
Apa wae bakal tak sasak

Remek awakku ngladeni sliramu

Kabeh tak sasak mung mbelani awakmu
Sik menengo aku tak turu
Ojo nganti diganggu.......

Ojo lali pesenku...
Elingo....
ojo dilalekno.....
Mengko yen ana bakul bakso liwat...aku gugahen yo.....!!!

SAPA SING EDAN????

Coba delengen mangetan
Nalika wong edan pada kumpulan
Coba rungokno kang podho sautan
Nalika wong edan wis pinter rerasan

Nyoba rerasan anehing kahanan
Nyawang nduwuran pada royokan
Dudu atusan malah milyaran
Ora mikir wedi kadosan

Oalah wong edaaaaannnnn......
Wis trimanen wae nasibmu wong edan
Ora usah ndeleng nduwuran kang pada edan
Trimanen kahanan masiyo tanpa katok-an

" SANDAL JEPIT "

Suwe anggonku ngadeg ing ngarep masjid anyar iki
Bingung,sedih,krasa ing ati
Rumangsa lali aku duh Gusti
Ora krasa weninge luh netes ing pipi

Coba tak tata gundahing ati
Madhep mantep coba nggoleki
Siji mbaka siji  tak ati - ati
Perkara nyalawadi kang njalari lali

Coba tak tata atiku
tak kencengne pikirku
madhep mantep nggoleki slira_MU
Duh Gusti......................

ning ngendi sandal jepitku????
"  WATU AYU  "

Suwe tak sawang netramu cah ayu
Katon sayu tur nandang rindu
Alus tak usap rambutmu cah ayu
Trimo meneng lan tanpo nesu

Duh bungahing atiku cah ayu
Saumpama sliramu bisa dadi duwekku
Mendah senenge atiku cah ayu
Saumpama sliramu gelem nampani atiku

Tak wanekno atiku...
Tak tata apa mengko ucapku
Kanggo nembung opo ing njero atiku
Supaya sliramu bisa dadi sigaring nyawaku

Taktakoni..... sapa jenengmu???
ora njawab mung meneng mbisu
Tak goda piye amprih ngguyumu
Sak ithik ora kawetu esemmu

Duh Gusti Pangeran akarya jagad..
Kaget atiku naliku namatne sliramu
Mandheg rasane jantungku nalika ngerti wujudmu
Oalaaaaahhh.....tibake kowe mau mung patung watu to...??

JIANGKRIK.....!!!!!