Aja mung bisa dadi ayang -ayang Nalika kahanan mbutuhke tanganmu kudu kemleyang Aja angger seneng yen sliramu mung bisa dadi ayang - ayang Nalika ndeleng wong liyan pada klisikan Ayang -ayang mung wujud barang kemleyang ilang nalika mbulan nutupi padhang ilang nalika mata katutup ing nduwur mbayang ilang nalika katiup angin mumbul bareng nerak entenge druwang
Ayo ndang padhang Endah kaya langit kawiyak mendhung terang Adem kaya beninge banyu sendhang Seger kaya silire angin kemleyang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar